Albertus Soegijapranata

Mgr.
Albertus Soegijapranata
SJ
Soegijapranata, nalika taun 1960
Kauskupan agungSemarang
ProvinsiSemarang
MétropolisSemarang
Didhapuk1 Agustus 1940
Term ended22 Juli 1963
SadurungéOra ana
DiterusakéJustinus Darmojuwono
Ordo
Penobatan15 Agustus 1931
Penahbisan6 Oktober 1940
dening Petrus Willekens
Detil pribadhi
Jeneng lairSoegija
Lair(1896-11-25)25 Novèmber 1896
Surakarta, Hindhia-Nèderlan
Pati22 Juli 1963(1963-07-22) (umur 66)
Steyl, Nèderlan
Taman Makam Pahlawan Giri Tunggal
KabangsanIndonésia
DenominasiKatulik
Wong tuwa
  • Karijosoedarmo (ayah)
  • Soepiah (ibu)
Sesanti100% Katulik, 100% Indonésia[1]

Mgr. Albertus Soegijapranata, SJ (Éjaan kang disampurnakaké: Albertus Sugiyapranata; lair 25 Novèmber 1896 – pati 22 Juli 1963 ing umur 66 taun), luwih misuwur mawi jeneng lair Soegiya, yaiku Vikaris Apostolik Semarang, banjur dadi biskop agung.[2] Dhèwèké iku biskop asli saka Indonésia kang nomer siji lan misuwur amarga prinsipé kang pro-nasionalis, kang asring diwastani "100% Katulik, 100% Indonésia".[2][3]

Soegija lair ing Surakarta, Hindhia-Walanda, saka kulawarga abdi dalem lan garwané.[2] Kulawarga muslim iku banjur pindhah menyang kutha Yogyakarta rikala Soegija isih cilik lan amarga diakoni anak kang pinter, taun 1909 Soegija dijaluk déning Pr. Frans van Lith nggabung karo Kolese Xaverius, yaiku sekolah Yésuit ing Munthilan.[2] Ana ing kana Soegija dadi seneng marang agama Katulik lan dibaptis ing tanggal 24 Dhésèmber 1910.[2] Sawisé lulus saka Xaverius ing taun 1915 lan dadi guru ing kana setaun, Soegija sekolah manèh rong taun ing Seminari ing Munthilan sadurungé mangkat menyang Walanda taun 1919.[2] Dhèwèké nglakoni pendhidhikan calon biarawan ing Sarékat Yésus suwéné rong taun ing Grave.[2] Dhèwèké uga ngrampungaké junioraté ing kana taun 1923.[2] Sawisé telung taun sinau filsafat ing Kolese Berchamnn ing Oudenbosch, dhèwèké dikirim manèh menyang Walanda supaya sekolah téologi ing Maastricht, lan ditahbiské ing tanggal 15 Agustus 1931.[2] Sawisé iku Soegiya nambahaké tembung "Pranata" ing jenengé.[2] Taun 1993 Soegijapranata dikirim manèh menyang Hindhia-Walanda supaya dadi pastor.[2]

Soegijapranata miwiti imané mawi vikaris paroki kanggo Pr. van Driessche ing Paroki Kidul Loji, Yogyakarta, nanging diwènèhi paroki dhéwé sawisé Gréja St. Yoseph ing Bintaran kang dibukak ing taun 1934.[3] Ana ing mangsa iki dhèwèké ngusahakaké supaya bisa munggahaké rasa kekatulikané masarakat Katulik lan negesaké preluné gegandhèngan kang kuwat antarané kulawarga Katulik.[3] Taun 1940 Soegijapranata dikonsekrasikaké mawa vikaris apostolik lan Vikariat Apostolik Semarang, kang nembé diadegaké.[3] Sanajan cacahé wong Katulik saya akèh sawisé dhèwèké dikonsekrasikaké, Soegijapranata kudu ngadhepi alangan.[3] Awal taun 1942 Kakaisaran Jepang mbedhah Hindhia-Walanda lan sasuwéné iku gréja dikuwasani banjur pastor-pastor akèh kang dicekel utawa dipatèni.[3] Soegijapranata bisa ucul saka kadadéan iki lan ngentèkaké mangsa jajahan Jepang.[3]

  1. Gonggong 2012, kc. 138.
  2. a b c d e f g h i j k Biografi Soegijapranata Archived 2012-08-25 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 19 Dhésèmber 2012)
  3. a b c d e f g Kanisius Media Archived 2015-09-24 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 19 Dhésèmber 2012)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search